Kamus Dialek Pekalongan Lanjutan L-Z

Kamus Bahasa / Dialek Pekalongan
Kamus Dialek Pekalongan adalah Sebuah artikel lanjutan yang menghimpun beberapa kosa kata bahasa / dialek Pekalongan yang dikumpulkan dari berbagai sumber. Orang Pekalongan mempunyai bahasa khas yang berbeda karakter dengan daerah lainnya. Induknya tetap Bahasa Jawa namun mengalami semacam pergeseran / pengaruh baik dari Geografi, Iklim, Budaya dan Kebiasaan masyarakat setempat.
Beberapa kosa kata mempunyai kesamaan dengan Bahasa Jawa atau bahasa di daerah sekitarnya, Seperti dialek Batang, Pemalang, Banjarnegara, Tegal dan sekitarnya. Untuk geografis wilayahnya bisa anda lihat di halaman Kota Pekalongan ini, Syaratnya anda harus bisa (membaca) bahasa Jawa dan pernah denger dialek Pekalongan.
Kamus Dialek / Bahasa Pekalongan : L
Ladhak [la-dhak] : Galak | Pembantune sebelah ladhake por yakin, Njukuk pot siji be diseneni.
Lampar [lam-par] : Jauh / Kemana-mana | Wong kae nek hunting foto lampar, Hiso tekan ngendi-ngendi ora.
Latar [la-tar] : Halaman rumah | Ayame kerep do nelek nang latar, Nek tak gusahi, Sing nduwe jengkel.
Laut [la-ùt] : Istirahat | Laut sik ra, Wes jam rolas kye.
Lebar [lè-bar] : Sehabis / Setelah | Lebar dek kene, Nyong pak aring Ncomal tuku Apem.
Lebe [lè-be] : Naib / Petugas Kelurahan | Lebe-ne mau mrene takok karo aku pak kawin kapan sidone.
Ledo [le-dò] : Goda | Ngledo : Menggoda | Diledo : Digoda | Aku mbiyek kerep ngledo C.S e BRI tapi ra tau direspon.
Leg / Leb [lèg] : Telan | Ngeleg : Menelan | Dileg : Ditelan | Aku nge-leg idu tok ra bisone, Weruh kowe disanding uwong liyo.
Leh [lhêh] : Kawan / Bung (panggilan akrab) : Ojo koyo kui ra Leh, Kokiye bae genah.
Lek / Lik [lìk] : Panggilan kepada orang yang lebih tua / Panggilan kepada penjual | Iki sekilo-ne piro, Lek? Dinyang oleh pora?
Lempoh [lêm-pòh] : Tidak kuat / Capek | Awakku lempoh kabeh bar bal-balan wingi sore nang Lapangan Perintis.
Lendehan [lên-dêh]: Bersandar | Kowe ojo lendehan nang gegerku ra, Awakmu gedi kokui yo nyong ora kuat.
Lendetan / Lendotan [lên-dhêt] : Bersandar | Temboke ojo dilendeti, Urung garing labur e.
Lengo Liyun [lè-ngò-li-yùn] : Minyak Tanah | Dhe, Pak tuku lengo liyune se-liter, Mbayare ngesuk ho?
Lenjeh [lên-jêh] : Genit | Pak ring pasar Podosugih tuku awu be pijar paesan, Lenjehe pok.
Ler [lêr] : buka | Ngeler : Membuka | Diler : Dibuka | Aku pak ngeler dagangan sik ho, Dolane mengko sore bae.
Lolak Lolok [lho-lhak-lhò-lhòk] : Bego / Bodoh | Kowe kye isone lholhak lholhok tok, Padahal kharime wes tekan kene.
Lihap [li-hap]: Kasur Tipis | Turu nanggo lihap bae, Nang kasur busa malah awakmu ngko loro kabeh.
Liren [li-rên]: Istrirahat | Ojo ngoyo, Liren sek ndak ngko awakmu loro.
Liron [li-ròn] : Ganti Rugi | Nglironi : Mengganti | Aku nglironi sejuta goro-goro ngilangke kalunge koncoku.
Lobok [lò-bòk] : Kegedean | Dasterku lobok, Lengenku ketok seko kamera henpon pas vidio call-an.
Lhogok [lhò-ghòk] : Makian | Bocah lhogok pancen kowe, Kon tuku rokok malah bali, Duite balekke mene!
Logrok [lò-gròk] : Berjatuhan | Jambune do logrok ora ono sing apek.
Longok [lò-ngòk] : Lihat | Nglongok : Melihat | Dilongok : Dilihat | Nyacak dilongok ndisik omahe, Ono wonge pora?
Luber [lu-bêr] : Penuh | Kolahe wes luber, Mono Sanyone dipateni ndisik.
Lulut [lu-lut] : Jinak | Asune wes lulut nek karo aku, Ora bakal nyokot.
Lup / Kulup [ku-lùp] : Panggilan Anak laki kecil yang belum baligh | Lha kok nangis kuwi nangopo Lup? Dorone ilang pok?
Luru [lu-ru] : Cari | Ngluru : Mencari | Diluru : Dicari | Akeh wong do luru akik nang kali.

Kamus Dialek / Bahasa Pekalongan : M
Maklume [mak-lom-e] : Maaf / Dimaklumi tidak bisa memberi | Maklume ho pak, Ibuke tindak, ngesok bae mrene maneh.
Manggon [mang-gòn] : Ajeg / Bertempat tinggal | Wes dikon lungo puo wong kui tetep manggon nang ngisor bruk.
Mangklehe / Mangkliye [mang-kleh-e] : Akhirnya / jadinya / berubah jadi | Wong kowene ora melu, Mangklehe ora rame ra acarane.
Mangpi [mang-pi] : Lima rupiah | Nyong mbiek jaman SD sangune mangpi, Keno nggo tuku opak angin.
Marai [ma-ra-i] : Mengakibatkan / Memulai : Ojo ngguyu terus, Marai kaku wetenge / Ojo marai sik, Ben kono bae sing marai.
Mari [ma-ri] : Sembuh | Wes mari pok watukmu?
Mat [mat] : Melihat / Perhatian | Ngematke : Memperhatikan | Dimatke : Diperhatikan | Tak mat-mat ke bocah kae soyo suwi soyo ketok manis.
Mayah [ma-yah] : Bikin susah | Wong senenge mayah uwong, ora ngerti nek kene yo lagi sengsoro.
Mayeng [ma-yèng] : Pergi Main | Bocah kok gaweane mayeng bae, Kapan sinaune.
Mbalelo [mba-lè-lò] : Sulit Dikasih Tahu | Kowe ki nek dikandani mesti mbalelo, Pak manut sopo denese?
Mbarang [mba-rang] : Setelah | Mbarang saiki wes sugih, Kowe klalen karo aku.
Mbarang [mba-rang] : Ngamen | Tutup bae pagere, Ndak ono wong mbarang mlebu.
Mblandang [mblan-dhang] : Kelewatan / Terlewatkan | Pak pos e mau wes liwat kene tapi kok mblandang mrono bae.
Mbededek [mbè-dè-dèg]: Dingin mengental karena dibiarkan | Lawuhe nganti mbededeg asale ora ono sing mangan.
Mbedegel [mbè-dè-gèl] : Jengkel / Marah | Aku mbedegel nemen nek reti ayam pak ngendog, malah dicolong maling.
Mbedogrog [mbè-do-grog] : Duduk disuatu tempat cukup lama | Opo ra pegel kowe dek mau mbedogrog nang kono ?
Mbedut [mbè-dut] : Nakal bukan main | Anake camate mbedute por, Numpak montor mubeng-mubeng kota ora nganggo helm.
Mbejijak [mbè-ji-jak] : Nglunjak | Oalah pancen dasar bocah mbejijak, Dikandani wong tuo malah nantang.
Mbeler [mbè-lèr] : Tidak pakai aturan | Karang jah mbeler, Dikongkon Simake malah ngluyur otok lungo.
Mbek [mbêk] : Sebelah / Dengan | Omahe mantanku sing mbek kono / Kowe mrene mbek sopo?
Mberat [mbe-rhat]: Minggat | Ojo mberat bae ra, Omahe diurusi! Wes ra betah weruh raiku pok?
Mberuh [mbè-rhuh] : Banyak | Njo mancing nang Kali Meduri, Nang kono Bayonge mberuh.
Mbesengut [mbè-sè-ngut] : Muram | Sakpele utange tak tagih, Nek ketemu nyong, Raine mbesengut terus.
Mbestureke [mbès-tu-rêk-e] : Ikut lamaran | Nyong pak melu mbestureke nek kowe sido dilamar ngesok.
Mbeyak [mbe-ak] : Polisi | Ono mbeyak nang pos, Ojo liwat kono.
Mbidung [mbi-dùng] : Ikut-ikutan tanpa alasan | Wong kuwi tah iso ne mbidung otok, Ora ngerti opo-opo sing penting katut.
Mblegesdrek [mblè-gês-drêk] : Tidak jelas bentuknya | Diarep-arep wong akeh, Jebulno’o malah mblegesdrek hasile.
Mbok’an [mbòk-an] : Siapa tau | Mbok’an kowe nduwe duit akeh, Aku pak nyilih entuk pora.
Mbopo [mbò-pò] : Siapa tahu | Aku langsung nembak bae, Mbopo bocahe gelem karo aku.
Mborao [mbo-ra-ò] : Mungkin | Mbuh tekan mborao surate, Wong prangkone bekas.
Mbreginjal [mbrè-gin-jal] : Tidak bisa tenang | Dek mau mbreginjal bae, Goro-goro diseneni Simbahmu pok?
Mecedel [me-cê-dêl] : Tidak kuat menahan beban | Nek awakmu gedine semono, Yo mecedel ra akune nek mok tindihi.
Mecodol [mè-cò-dòl] : Keluar tiba-tiba dengan sendirinya | Urung tak apak-apake kok wes mecodol anune.
Mecucu [mè-cu-cu]: Mulut monyong | Wong e mau teko mrene karo mecucu, Jare nggoleki kowe tapi ora temu.
Mek [mêk] : Pegang | Ngemek : Memegang | Dimek : Dipegang | Ojo ngemek knalpot, Panas!
Mek-mek [mèk-mèk] : Dipegang-pegang kasar | Melas yakin kae, Pemandu lagune dimek-mek wong akeh.
Memper [mêmpèr] : Umum / Lumrah : Ora memper ah, Wong sugih kok pelite nemen.
Mempur [mèmpur] : Molek / Matang | Pelem e wes mempur, Gagiang dipek, Selak dipangan Codot.
Men [mên] : Agar / Biar | Men cepet mari, Obate diombe, Nduk.
Mencit [men-cit] : Terpencil | Omahmu mencite por ho jebule, Pijar nyabrang kali karo ngliwati alas.
Mencoro / Mencorong [mèn-co-ro] [mèn-cò-ròng] : Mata yang masih segar belum bisa tidur | Anakku sing cilik izik mencoro mripatne, Akune wes arip nemen.
Mendem [mèn-dèm] : Mabuk | Aku tau dijak mendem karo mbeyak, Bar kui ditakoki tau nyolong opo bae.
Mendeleng [men-de-lêng] | Dientuti nang sebelahe puo mendeleng otok, ora ngalih
Mengsol [mêng-sol] : Miring / Tidak pas | Drijiku mengsol siji bar ketabrak Trek sampah.
Meniren [mè-nir-èn] : Tertawa hingga perut kaku | Kowe nek nglucu marai meniren yakin, Melu stand-up komedi bae sih.
Menjoto [mèn-jo-to] : Benjol | Goro-goro kejeduk tembok, Bathukku menjoto.
Menjuluk [men-ju-lùk] : Tidurnya Kurang Ke Atas | Kae turune menjuluk, suwi-suwi cok tibo nggledak.
Merceko [mèr-cê-ko] : Kebanyakan omong / Aneh-aneh | Ora usah merceko kowe ah, Njo ndang ditapuki bae.
Merot [mêròt] : Miring | Lambene merot mengiwo bar keno stroke.
Mester / Plester [mèstêr] [plèstêr] : Lantai | Ojo do nang mester dolanane, Bar dipel kui, Ndung.
Methel [mè-thèl] : Ruwet | Tulisane Dokter kae koyo Benang methel ho, Ora iso diwoco.
Mad / Warmad [whar-mhad] : Panggilan kepada rekan karib | Mhad, Pak ring ndi Mhad? Celer raimu, Mhad.
Menis / Manis [mhê-niz] : Ungkapan pujian | Mheniz temen kye totonane taman, Nyonto nang majalah opo?
Miyang [mi-ang] : Nelayan | Nggonku isine wong miyang, Longko tukang.
Mleho [mle-kho] : Tidak Semangat, Meleset, Payah | Bocah kui ora iso diandalke, Paling mleho tok nek wes tekan nggone.
Mlethek [mle-thek] : Membuka dengan sendirinya | Barteh e nek wes mlethek berarti wes mateng kuwi.
Mleyot [mle-ot] : Bengkok / Tidak lurus / Kendor | Garisane wes mleyot asale nggo dolanan anakku pedang-pedangan.
Mliling [mli-ling]: Melotot | Plilang Pliling : Melotot kesana kemari | Satpame plilang-pliling dek mau, Krungu suoro wong nang mburi pager.
Mlipit [mli-pit] : Menyisir rambut dengan rapi (disertai minyak rambut) : Dandan mlipit pak ring ndi kowe Ji? Pak ring Mbendingsari pok?
Mlodot / Modot [mlò-dòt]: Menjadi panjang / tinggi | Bar sunat pirang sasi wingi, Saiki anakku langsung modot dadi 160 duwure.
Mlokek [mlò-kêk] : Muntah | Bar mangan kresem bosok, Bocahe mlokek-mlokek nang pinggir kali.
Mlumah [mlu-mah] : Terlentang | Aku tak mlumah sik, Sedino ngadeg terus, Kesele por.
Mono / Mrono [mò-nò] : Sana / Kesana | Mono luru genter, Nggo nyengget pete.
Montor Mabur [mòn-tòr-ma-bùr] : Pesawat Terbang | Montor Mabur, Damare mati, Munggah nduwur, Sing ati ati, Kei Duite!
Moro-Moro [mò-rò] : Tiba-tiba | Lha kok moro-moro kowe wes tekan kene nda? Kapan mangkate?
Mrobos / Mbrobos [mrò-bòs] : Masuk / menyelinap tanpa ijin | Wes dijogo satpam puo, Aku iso mrobos tekan njero.
Mrongos [mrò-ngòs] : Gigi depan bagian atas maju | Wes untune mrongos, Raine atos, Jaluk di kaplok pancen kae bocah.
Mulane [mu-la-ne] : Makanya | Mulane ojo sok ngapusi, Mengko ngang ora dipercoyo uwong.
Munggo’o / Mungguho [mung-nggò-ò] : Semoga | Munggo’o aku entuk arisan, Ben iso nyaur utang karo kowe Nju.
Kamus Bahasa Pekalongan : N
Ncrekal [ncre-kal] : Ngeyel | Anakku nek dikandani mesti ncrekal koyo simakane.
Nda [nda] : Kamu / Panggilan persahabatan | Ngko ndisek Nda, Aku zik kosokan.
Ndak-ndak ro [ndak-ndak-ro] : Asal / Sekenanya | Wes mbuh pokok e ndak-ndak ro bae, Sopo reti dadi.
Ndandap [ndan-ndap] : Bingung / Panik | Nyong ndandap pas tekan Njakarta, Ora reti lor kidul.
Ndarak / Nderek [ndêr-rêk] : Dikira | Ndara’i : Dikiranya | Ndarakmu aku rung adus? Aku uwes yo
Ndelalah / Ndilalah [ndè-la-lah] : Tidak sengaja | Ndelalahe kui aku wes bali ndisik, Dadi ora keno masalah.
Ndeso [nde-sò] : Kampungan | Ojo ndeso-ndeso nemen sih kowe, Mosok numpak mobil kocone kudu dibukak.
Ndes / Gondes [ndês] : Gondrong kampungan | Ndes, Mrene ra ndes, Ono Kacang karo Pilus kye nggo klethik-klethik.
Ndetheng [ndê-thêng] : Miring | Bar sunat, Adikku mlakune ndetheng-ndetheng.
Ndeyan [ndê-yan] : Mungkin | Tokone wes tutup nek yahmene ndeyan.
Ndeweh [ndê-wêh] : Memble | Lambene ndeweh kakean mangan rujak, Kepedesen cok e.
Ndewon [nde-wòn] : Aku | Ojo klalen karo ndewon ra sing wes ngajari kowe nakal.
Ndlenger [ndlê-ngêr] : Tidak konsentrasi kedepan | Kijangku ditabrak driver Gojek mau mbengi, Bocahe ndlenger, Dolanan hape cok e
Ndlohom [ndlò-khòm] : Bingung karena suatu kejadian | Bar tak critani, Bocahe ndlohom tok karo ngowoh.
Ndolor [ndò-lòr] : Bertanggung Jawab | Wes tuo tapi ora ndolor, Genda’an bae gaweane, Ora eling wes pak nduwe putu.
Ndopok [ndò-pòk] : Berbicara ngawur | Kowe ojo seneng ndopok sih, Mulane ora ono wong ngandel.
Ndrawasi [ndra-wa-si] : Bahaya / Riskan | Ojo liwat dalan kono, Ndrawasi akeh oli tumplek.
Ndredeg [ndrèdèg] : Takut / Jantung bergerak cepat | Ndredeg aku pas ketemu kowe nang ngisor jembatan.
Ndrejes [ndrê-jês] : Netes | Ngerti kabar kui, Aku nangis nganti ndrejes kabeh.
Ndung / Landung [ndùng] : Panggilan untuk anak yang sudah sunat / baligh | Ojo cepet-cepet kokui ra ndung nggenjote, Enter-enter bae.
Nek’an [nek-an] : Kukira | Nek’an kowe wes mangan, tiwas segone tak pakake ayam.
Neker [nê-kèr] : Kelereng | Nang njero Pylox biasane ono Neker e.
Nempil [nèm-pil] : Membeli barang sesama pedagang dengan sedikit keuntungan | Yu, nyong nempil lengone rong liter ho? Ono wong luru.
Nempur [nèm-pùr] : Membeli beras | Nyong ora iso nempur kye nek mok jak dolan terus.
Neratak [nèr-ra-thak] : Ketakutan | Bar konangan nyolong, Bocahe neratak pas diparani polisi.
Neyeng / Nieng / Nai [nê-yêng] : Berkarat | Rujine wes do nieng keno Benyu rob, Ganti pelek sisan bae!
Ngabuk [nga-bùk] : Mengklaim / mengaku-aku | Kowe ojo ngabuk ra, Kiye genah wek-ku sih.
Ngacret [nga-crèt] : Mencari jawaban detail | Nyong kwi ora reti opo-opo kok koe takoke ngacret bae dek mau.
Ngadeng [nga-dèng] : Terangsang | Aku ngadeng pas weruh wong wedok do adus nang Kali Loji.
Ngampat [ngam-pat]: Mendatangi tempat yang dirasa cukup jauh | Ejianah, Hiso bocahe ngampat dewe aring Ndieng usum udan kokiye.
Ngang : Terus | Nek wes kokiye ngang priye ?
Ngangsu [ngang-su] : Menimba air | Jaman saiki kok izik ngangsu, Nganggo PAM bae, Murah!
Ngebrok [ngèbròk] : Eek di celana | Pas jaman SD aku tau ngebrok nang kelas, Mambu kabeh sak sekolahang.
Ngecembeng [ngècèmbèng] : Menggenang | Pas rob gedi kae, Kampung kene ngecembeng kabeh tekan kidul.
Ngedis [ngè-dis] : Nafsuan | Pak Kos e ngedise por, Sering nginjeni aku nek pas adus.
Ngedrel [ngè-drêl] : Memaksakan | Bocah ko nek njaluk dolanan ngedrel bae dek mau, Ra keno ora.
Ngegang [nge-gang] : Mengangkang | Goro-goro bar sunat, Mlakune rodo nge-gang mangklihe.
Ngekek / Ngakak [ngê-kêk] : Terbahak | Tekan kene Engkohe ngekek-ngekek tok dikabari nek ban e bocor.
Ngelih [ngè-lìh] : Lapar | Aku ngelihe por sewengi urung mangan sego.
Ngendelong [ngèn-dèl-lòng] : Kendor / Tidak lurus | Kabele SUTET ngendelong, Wediku nek tugel keno angin.
Ngeng [ngèng] : Gila | Ngeng kye bocah, Wong wes rampung kok tembe’e pak mangkat.
Ngentir / Ngutir [ngèn-tir] : Perjalanan jauh sendirian | Kowe ngentir mrene mbengi-mbengi opo ora wedi?
Ngentorang [ngèn-to-rang] : Menggampangkan persoalan | Ojo ngentorang ko kuwi ra, Kye serius masalahe.
Ngepot [ngè-pòt] : Ngebut meliuk liuk | Ngerti kabar omahe kemalingan, Kajine langsung mbandang numpak motor karo ngepot-ngepot.
Ngeweng [ngê-wêng] : Nakal | Jah ngeweng dikandani angel, Saiki nek loro yo rasake.
Ngeyak / Ngganyil [ngè-yak] : Memaksa terus | Wes reti ora nduwe duit kok ngeyak / ngganyil pak tuku bae dek mau, Mbok ngesok sih.
Nggagar [ngga-gar] : Mampus | Waduh nggagar kiye nek konangan Guru BP, Mberat bae njo.
Nggal : Setiap | Kakangku ora tau prei, Nggal dino mangkat nang Nggrosir, Nawake utangan.
Nggejah [nggè-jah] : Banyak sekali | Nek pak luru Urang, Mono nang Njambeyan, Bakule nggejah, Garek milih.
Nggendu [nggèn-dhu] : Tidak bisa dinasehati | Bocah nggendu, Kandanane angel, Sokor kowe saiki ngrasake loro.
Nggendring [nggèn-dring] : Meninggalkan dengan cepat | Bocahe langsung lungo nggendring bar tak wenehi duit.
Ngger [ngger] : Di / Tetap di | Nek urung aman, ngger kene bae Nju, Daripada nang kono keno masalah.
Nggiyeng / Kiyeng [ki-yèng] : Ngotot/memaksakan | Bocah kui nggiyenge por nek kon motret model, Padalo awake zik loro.
Ngglambir / Nggelambir [ngglam-mbìr] : Berlemak | Saiki kok wes ngglambir kabeh awakmu? Ra tau olahraga pok?
Nggupir [nggu-pìr] : Jatuh dengan posisi berputar | Bar nyenggol Katana Abang, Bocahe nggupir nang tengah nggili.
Ngiras [ngi-ras] : Jajan di warung | Bar entuk gajian kye, Njo ngiras nang Bu Casturah.
Nglabur [ngla-bùr] : Memutihkan dinding dengan kapur | Wes pak pitulasan kye, Wayahe nglabur pager ngarep.
Nglayap [ngla-yhab] : Dolan | Gaweane nglayap bae, Bojone ora tau dikancani.
Ngleker [nglè-kèr] : Ngorok | Turune nganti ngleker, Cok e kesel mau isuk bar njaring iwak nang wangan.
Nglemprak [nglem-prak]: Duduk di bawah | Aku ora pak njegok nduwur, Suko nglemprak bae nang ngisor, Penak.
Nglepape [nglè-pa-pe] : Kecapekan sehabis intim | Penake pok kye ho, Nglepape karo nonton tivi. Sakpore ah!
Ngleyang / Ngleang : Melayang tak beraturan | Dorone mabure ngleyang-ngleyang kawur angin
Nglencer [nglên-cêr] : Bepergian | Wingi nglencer nang ndi bae, Nyah? Kok seminggu ora katok?
Ngligo [ngli-gò] : Telanjang dada | Sumuke por hawane, Suko ngligo bae, Pak orak ketok panuku.
Nglorot [nglò-ròt] : Mengurai obat dari kain batik | Nyong zik kerja nglorot, Mambune obat, Ora sah mene!
Ngorong [ngò-ròng] : Haus | Ngoronge nemen ah bar mlayu-mlayu, Ngombe Es Kauman penak kye.
Ngodos [ngò-dòs] : Bernafsu | Adiku nek main bal ngodose por, Ora gelem kalah, Kabeh digapraki.
Ngowoh [ngò-wòh] : Diam dengan mulut terbuka / melongo | Ojo ngowoh ra, Ngko kelebon laler.
Ngregoli [ngre-gòl-i] : Ikut Mengganggu | Kye bocah retio mau rasah melu, Ngregol-ngregoli otok.
Ngrengges [ngrèng-gês] : Apa-apa mau | Raimu kye nggrenggese por ho, Pelem wes tibo puo dipangan.
Ngromet [ngrho-mèt] : Berbicara sendiri | Jare bar metu dek RSJ wes mari, Tapi izik wutuh ngromet bae wong kui.
Njebluk [njè-blùk] : Meletus | Gunung Merapi jarene njebluk maneh?
Njelehi [njè-lêi] : Kelakuan tidak menyenangkan / menjijikkan | Njelehi pancen ogh wong kui, Wis dikandani tetep bae nguyuhe nang kono.
Njepat [njè-pat] : Terlepas | Sandalku njepat bar tak nggo bal-balan nganggo bal basket.
Njering [njè-ring] : Kecil Hati | Wes ora usah njering nek ora kasil, Ngesok dibaleni maneh puo ora kaiki.
Njingklat [njing-klat] : Kaget dengan gerakan meloncat | Mbakyuku njingklat pas weruh Coro mlaku nang sikile.
Njo : Yuk | Njo dolan aring nggonku, Tak gaweke teh panas sing pait.
Nju : Panggilan untuk perempuan dewasa | Priye Nju? Sido njukuk daster nggonku pora? Utang oleh ogh.
Nok / Si Nok [nòk] : Panggilan (anak) perempuan yang lebih muda | Si Nok e saiki tambah ayu sakploke bar nduwe anak.
Nono [nhò-nhò] : Tidak ada | Nono bocahe nang kene, Jare satpam e wes bali dek mau.
Nombarang [nòm-mba-rang] : Juga / Segala (Kalimat Penekanan) | Wong wes gering kok pijar diet nombarang, Ayah-ayah tok kowe.
Nto-Nto : Jajan Pasar | Tuku Nto-nto karo Mi kenyol be rasane wes enak nemen.
Nopo [nò-pò] : Juga | Sisan bae ra karo koncomu nopo, Dijak mrene kabeh, Tak jajake Bandos.
Nopo’o [nò-pò-ò] : sekalian | Nek mangan karo brambange nopo’o ra, Ojo satene otok.
Nun [nùn] : Apa (Jawaban jika dipanggil) | Nun, Opo Nju, Aku nang njero zik ganti klambi.
Nuwo [nu-wò] : Sok tua | Nuwo ah, Koyo paham-pahamo kae kowe kye.
Nyemeh [nyê-mêh] : Aneh | Ojo nyemeh ra, Mosok nggawe Kopi pak diwei Sirup.
Nyolet [nyò-lêt] : pekerjaan mewarnai batik | Nyong nek awan nyolet, Mulane tangane kelire macem-macem.
Nyong / Inyong [nyòng] : Aku | Nyong asline sungkan weruh kowe, Tapi pak ora wes.
Kamus Dialek Pekalongan : O
Odol-odol [ò-dòl] : Obrak abrik | Ngodol-odol : Mengobrak abrik isi / Diodol-odol : Diobrak abrik isinya | Tas ku ojo mok odol-odol ra, Rusak kabeh barange.
Ogh / Og / Ok [ogh] : Kok (Akhiran) : Aku pak nglamar kowe, Jebule kowe wes kawin ndisik ogh, rasido ra mangkle.
Onggrongan [òng-grò-ngan] : Gaya berlebihan dari biasanya | Ngonggrong : memancing orang untuk melakukan perbuatan berlebih | Dionggrong : Dipancing agar berbuat lebih dari biasanya | Ora usah onggrongan, Sedino kok mangan ping limo.
Ora Kaiki [o-ra-ka-i-ki] : Nggak Masalah | Wes ora kaiki dinggo bae sandale, Leh.
Ora-kere [o-ra-ke-re] : Ora sudi | Ora kere nyong kon melu mrono, Nyenengke kowe tok.
Otok / Tok [ò-tòk] : Aja | Dek mau hasile kokui otok kye?
Oyok / Oyak [ò-yòk] : Kejar | Ngoyok : Mengejar | Dioyok : Dikejar | Aku mbiyen doyok-oyok karo jah kae nganti gilo, Mbarang wes tuwo biasa.
Kamus Bahasa Pekalongan : P
Padalo / Padala [pa-dal-lò] : Padahal | Hawane kok tetep panas ho, Padalo iki kan nang njero ngomah.
Padang-Njembrang/Jimbrang : Suasana terang sekali | Langite kulon padang njimbrang, Ketoke ora udan.
Paes [pa-ês] : Solek | Paesan : Bersolek | Bu Hajjah ora paesan be ayune nemen ho, Opo meneh nek dipaesi.
Paido [pa-i-do] : Menyalahkan | Maido : Menyalahkan pekerjaan orang lain | Percuma, Kerjo nemen-nemen mung dipaido tok karo bose.
Pak / Apak [a-pak] : Akan / mau | Pak njajake aku siomay kapan kye sidane?
Pak Ora [pak-o-ra] : Biarin | Pak ora nengke bae, Ngko mari dewe. Nyong wedi suntik asline.
Palango [pa-lang-ò] : Siap-siap / Jaga-jaga | Sak palango tuku mantel, Asale wes meh usum udan.
Palasan [pa-la-san] : Liar | Karang jah palasan, Ora tau mulih tur ora tau diseneni simake.
Palting / Planting / Steger [pal-ting] [stê-gèr] : Tiang Listrik | Ono wong mabuk nabrak planting, Ora let sui mlokek-mlokek.
Pames / Pemes [pa-mês] : Pisau Pengasah | Aku klalen ora nggowo pames, Potlotku tugel kabeh pucukane.
Pangling [pang-klìng] : Lupa wajah | Manglingi : Berbeda dari biasanya | Raimu kok saiki manglingi sih, Perawatan pok?
Pantaro [pan-ta-ro] : Padahal : Mau mbengi listrik mati, Pantaro nyong zik nggambar urung rampung.
Pathak [pa-thak] : Lempar | Mathak : Melempar | Dipathak : Dilempar | Wong sing kampanye numpak trek dipathaki watu karo wong kampung.
Pati / Patio [pa-tio] : Seberapa | Nyong ora patio sreg karo pimpinane grup, Arep tak gawe geger ogh.
Pati-pati [pa-ti]: Punya maksud | Pati-pati gasik mrene, Mesti wong kui pak antri ndisik dewe.
Pating [pa-tìng] : Pada | Barang do pating slangkrah nang ngarep ruang tamu, Ora ditoto.
Pawon [pa-wòn] : Dapur / Tempat memasak | Nek wong nggunung, Pawone mesti nganggo seng, Mbuh ben opo ora ngerti.
Pece [pe-che]: Mata tidak melihat | Matamu pece pok mas? Becak anteng-anteng kok mok tabrak.
Pecirit [pè-cì-rìt] : Mencret yang keluar tak tertahan | Waduh aku pecirit nang katok, Pak bali sek ah ganti sempak.
Pedek [pê-dèk] : Dekat | Medeki : Mendekati | Dipedeki : Didekati | Ojo medeki aku, Wes wudhu, Ngko marai batal.
Pedoyo [pè-do-yo] : Timun Rebus (Sayur Asem) | Mangan Pecak nek ora karo Pedoyo yo wagu.
Peneng [pê-nèng] : Semacam STNK untuk Sepeda | Jaman mbiyek pit kudu ono penenge, Nek ora ono didendo.
Pengilon [pè-ngi-lon] : Kaca Cermin | Lipstike simak ketinggalan nang ngarep pengilon, Sak tesmake.
Penging [pè-ngìng] : Beri Tahu / Nasehat | Menging : Memberi Tahu | Dipenging : Diberitahu / Dinasehati | Wes dipenging bola-bali kon sinau, Malah senengane dolanan PS bae.
Pentil [pên-til] : Karet penahan angin | Pentile rusak, ban e pitku nggembos. Aku ra mangkat sik.
Pentil [pèn-tìl] : Mangga Muda / Puting | Ayo rujakan neng nggonku, mumpung peleme izik pentil / Pentile mbake ketok nrawang, Asale klambine teles kudanan.
Pernahe [pèr-nah-e] : Kelihatannya | Pernahe wong kui kok sugih ho, Mrono mrene nggowo mobil gonta ganti, Plat abang meneh.
Pesten [pès-tên] : Takdir/sudah pasti | Wes pesten sugih kuwi mbesuke, Wong keluargane balung kuat kadek mbiyek.
Peteng-Dhedet [pè-tèng-dhè-dèt] : Gelap gulita | Nggone peteng ndedet, Ora weruh dalan blas.
Pijar / Pijaran [pi-jar] : Tidak Seharusnya | Kowe pijar nggowo panganan, Wong nang kene be wes disediake.
Pilak [pi-lak] : Bekas luka di kepala | Pilaken : ada luka dikepala | Ndasmu ono pilake, Mbiyen tau tibo pok?
Piyan / Payon [pa-yòn] : Atap Di Dalam Rumah | Piyan omahmu apik tapi akeh cecake yo, Wedi aku nek ketiban.
Playon [pla-yòn] : Berlari-larian | Ojo do playon sih, Mengko nek tibo kepriye, Ndung?
Plecing [plè-cing] : Komisi | Mlecingi : Memberi komisi | Diplecingi : Diberi komisi | Aku diplecingi Engkoh e “nopeknggo”, Bar mayoke manuke.
Plencing [plèn-cing] : Pergi dengan segera | Begitu kowe teko, Adiku langsung lungo plencing, Mbuh nangopo.
Plonga-plongo [plo-ngo]: Bengong | Tak kiro kowe paham masalahe, Jebule mung plonga-plongo tok isone.
Plosdrong : Pelorot [plòs-dròng] | Mlosdrong : Melorot | Diplosdrongke : Dipelorotkan | Katoke kegeden ukurane, Mangklehe nek tak nggo mlosdrong terus.
Poak [po-ak] : Edan / Gila | Pak ora nengke bae kae jah poak, Ra sah dikolomi.
Pok [pòk]: Banget | Polisine sing jogo Ponolawen beguse pok yakin.
Pok / po [pòk] : Kah (kalimat tanya) | Kowe pak bali ndisik pok? Tak terke puo njo.
Pokekan [pò-kêk] : Menggunakan celana pendek [slang] | Nyong nek nang omah poke’an tok karo nganggo lektok.
Por [pòr]: Banget | Saiki Juragane ayune por ah, Yakin!
Por-Poran [pòr] : Sok-sokan | Ora usah por-poran, Biasa bae, Ngko gelo lho kowe nek duite entek.
Poyok [pò-yòk] : Ejek | Moyoki : Mengejek | Dipoyoki : Diejek | Mbok aku ojo dipoyoki terus sih? Wes reti aku nangisan puo.
Pragak [mpra-gak] : Nama daerah di selatan Landungsari | Nek pak luru kreweng, Aring pragak bae, Akeh nang kono.
Pranggok [prang-gòk] : Tempat produksi batik | Wingi Pranggok-ku di bongkar karo Satpol PP, Jare nyalahi aturan.
Prengas-Prenges [prê-ngês] : Senyam senyum sendiri | Bar ditukoke mobil bapakane, Bocahe prengas prenges terus saiki.
Prengat-Prengut [prè-ngat] : Bersungut-sungut | Aku kye wes njaluk maap, Tapi raine zik wutuh prengat-prengut bae.
Puo / Po’o [pu-ò] : Saja | Nyong milih sing kiye puo wes, Ora kaiki.
Pupruk [pu-prùk] : Terus menerus / kontinyu | Pupruk bae terus kiye gaweane, Lha preine kapan?
Kamus Bahasa Pekalongan : Q
Qithing [qi-thìng] : Jari tangan kaku / mati rasa | Tanganmu qithing nek kakean nyogoki silit ayam.
Kamus Bahasa Pekalongan : R
Rahat [ra-khat] : Menyenangkan [Arab] | Pas kumpul jah akeh kae rahate pok yakin, Sayange Kowe ra melu.
Raimu [ra-i-mu] : wajahmu / Panggilan akrab teman | Raimu kye o, Senengane nek mrene mung nunut ngising.
Rayah / Rayahan [ra-yah] : Rebutan | Ngrayah : Merebut | Dirayah : Direbut | Aku nek bali sekolah melu-melu jah gedi ngrayah layangan nang pedek “Rice Mill”.
Rebues [rê-buês] : Surat ijin mengemudi [Rijden Bewijs : Belanda] | Simbahku crito jaman mbiyek tau ditilang asale ora nggowo Rebues.
Regut / Regud [rè-gut] : Tidur [Arab] | Bocahe izik regut, Dinteni puo pok? Timbang bali ra ono hasil?
Reken [rê-kèn] : Hitung | Direken : Diperhitungkan | Kerjaanku ora direken karo Pimpinane, Padalo wes bener kabeh tur aku wes semangat nemen.
Remukan [ré-muk-an] : Sisa Potongan gorengan tempe / tahu | Nyong lawuh remukan bae wes seneng, Opo maneh lawuh Srimping.
Rewah [re-wah] : Tidak bisa diam / Banyak polah | Bu, Anakmu nek nang sekolahan rewah bae, Ngledoni kancane senengane.
Ring / Sing [rìng] : yang | Nek wes rusak Hapene, Ganti ring anyar ra, Ojo kesuwen.
Riwuk [ri-wuh] : Ganggu | Ngriwuki : Merepotkan / Mengganggu | Diriwuki : Diganggu| Ojo diriwuki Leh, Ben rampung ndisik kerjaane, Melas kae dek mau urung laut.
Rok [ròk] : Tipe Permainan | Yuk dolanan rok rembet, Hompimpah sing kalah dadi.
Rusuh [ru-suh] : Porno | Bocah kui ngedise por, Nek ngomong mesti sing rusuh-rusuh.
Kamus Bahasa Pekalongan : S
Sak [sak] : Sekalian | Kowe nggowo panganan sak ngombene ho, Ben ora usah tuku nang ndalan.
Sakdonge [sak-dong-e] : Sebenarnya | Kowe pak utang piro sakdonge, Ngomong bae.
Sakmohe [sak-mho-he] : Banyak | Jah gendut kae nek mangan sakmohe, njukuk sego nganti piringe kebek.
Sakpele [sak-pêl-e] : Setelah | Sakpele dagangane ditukoni Nyai Lanjar, Mangklihe warunge laris nemen.
Sakploke [sak-plòk-e] : Seusai | Sakploke kawin, Bocahe arang-arang cangkruk nang Poskamling.
Sakpore [sak-pòr-e] : Hebat / Keren | Pancen sakpore kae Kajine saiki, Duite akeh, Lungo-lungo tekan luar negri.
Saksake [sak-sak-e] : Terserah | Nek aku sih mangan saksake, Sing penting enak.
Sangsoyo / Sansoyo [sang-sò-yò] : Semakin | Sangsoyo suwi kok tak rasake kowe soyo kemaki.
Sapeh [sa-pêh] : Makan selain ASI | Disapeh : Diajari Untuk Tidak Menyusu Ibunya | Anakku wes mulai tak sapeh pas umure rong taun.
Saur [sa-ur] : Balas kata / Bayar utang / Makan saat puasa menjelang subuh : Ora usah mok sauri, Ndak malah gegeran / Wes mok saur po urung posone? Nek urung ngko mbengi Saur bareng aku.
Sayah [sa-yah]: Capek | Nyong pak turu liren ndisek, Sayah awet mau mepe Gereh dewean.
Sayange [sa-yang-e] : Sayangnya | Sayange kowe wes bali ndisik, Jane arep tak jak nang Prapatan, Mangan Sego Toel.
Sebeh [sê-bêh] : Bapak / Ayah | Sebehku tuku akik larang-larang, Bar-barane mung dijolke ayam tok, Dugal nyong.
Sedengan [sè-dèng-an] : Secukupnya | Aku ora usah akeh-akeh, Sedengan bae segone, Ngko ndak ora entek.
Sedhet [shê-dhêt] : Bekas Luka di Wajah dekat mata | Raimu kok ono sedhete, Wes tau kebacok pok?
Seje [se-je] : Bukan | Seje sing kuwi sing tak luru Koh, Sing kokie.
Sekranding [sè-kran-ding] : Nama tempat jaman dulu | Jare kok do main voli nang Sekranding, Lha pora benjir?
Selak [sè-lak] : Keburu | Wes ra nyong selak kebelet nguyuh, Mandeg sik luru POM.
Selang / Jelang [sè-lang] : Pinjam | Nyelang/Njelang : Meminjam | Diselang : Dipinjam | Mbok aku diselangi duite nggo nempur, Aku wes nganggur setaun.
Selonjor / Slonjor [slon-jor] : Duduk dengan meluruskan kaki kedepan / Beristirahat | Nyong pak selonjor sik ah, Kesel dek mau rapat terus.
Selot [sè-lot] : Semakin | Selot suwi tak rasak-rasakke banyune sumur soyo asin, Ganti PAM ah.
Selot [sè-lot] : Mengunci dengan Slot| Diselot = Dikunci | Lawange samping diselot Le, Wes mbengi.
Semeh [sêmêh] : Ibu | Semehku senengane nonton Drama Kroya, Nggal dino yakin ah.
Semelet [sè-mè-lêt] : Panas banget | Hawane iso semelete por, Pak lungo-lungo sungkan.
Semeyang [sè-mê-ang] : Ribut | Ojo do semeyang bae si, Nyong pak turu.
Sempok [sèm-pòk] : Aneh / Edan | Pancen sempok kowe, Kelakuanmu marai ngekek.
Semprikut [sèm-pri-kut] : Terburu-buru Mengerjakan sesuatu | Bar adus ono tamu dek kantor, Mangkle nyong semrikut nggawe wedang
Sempritan [sèm-prit-an] : Peluit | Jaman dadi PKS nang Sekolahan, Aku nggowo sempritan nggo ngatur lalu lintas.
Semrantal [sèm-ran-tal] : Gesit / Lugas | Jah kae nek krungu panganan langsung semrantal mangkat.
Semrawut [sèm-pra-wut] : Kacau | Acarane bubar, Lha bocah-bocahe do semrawut kabeh, Ora do ngurusi.
Semromong [sèm-rò-mòng] : Hawa panas | Ora ono angin blas nang kene, Rasane semromong kabeh.
Semut Geni [sè-mùt-gè-ni]: Semut Merah | Semut geni nek nyokot rasane panase pok. Koyo omonganmu.
Sengget [sêng-gêt] : Mengambil buah / Memetik | Nyengget : Memetik | Disengget : Dipetik | Bar nyengget pelem, Awakku gatel kabeh dirubung semut.
Sengit / Semengit / Nyemengit [sè-ngit] : Sebel / Menyebalkan | Nyengit : Ngeselin | Disengiti : Dibenci | Nyengite pok nek karo aku, Dititipi kon nggawake krupuk be ora gelem.
Sentil [sèn-tìl] : Melakukan pekerjaan mengunci | Disentil : Dikunci | Jendelane mburi disentil, Men ora mbukak dewe.
Sentolop [sen-to-lop] : Lampu Senter [Stolp : Belanda] | Biasane nek pas kamling, Nyong ora klalen nggowo Sentolop nggo nyenteri Pelem.
Seringgit [se-ring-gìt] : Uang jaman dulu senilai Dua rupiah lima sen | Tuku brambange seringgit bae, Yu, Ora sah susuk.
Setapruk / Saktekruk [se-ta-prùk] [sak-te-krùk] : Banyak sekali bertumpuk tumpuk | Duit e setapruk, Pingin opo garek tuku, Mesti klakon.
Setil [sè-til] : Rapi / Necis | Tangi turu, Adus, Sarapan, Dandan sing setil, Marani mantan nang Kampil.
Singan / Saksingan [sak-sing-an] : Terserah | Aku wedange sak singan bae, Sing penting mok bayari.
Singkek [sing-kêk] : Orang Tionghoa pendatang yang belum bisa bahasa Jawa / Indonesia [Shin kek:Tionghoa] | Nang ngarep Banjarsari mbiyek akeh singkek-e, Nganggone kaos oblong karo sandal Lily.
Singo-singoho [si-ngo-ho] : Terserah pilihannya | Nek nyong anut bae tah tuku opo, Sak singo-singoho, Sing penting ora iso dipangan.
Singsot [sing-sòt] : Siul | Nyingsoti : Mensiuli | Disingsoti : Disiuli | Pas liwat kene disingsoti karo jah nom-nom, mangklihe Bu Lurahe jengkel.
Sintren [sin-trên] : Atraksi Budaya khas Pekalongan | Jare sing dadi sintren kudu zik prawan, men iso ndadi.
Skut [skud] : Diam [Uskut:Arab] | Mending skut bae daripada kowe omong malah disrengeni Bapakmu.
Slangkrah [slang-krah] : Tak tertata | Bukune ora tau ditoto, Do pating slangkrah nang nduwur kasur.
Slentik [slèn-tik] : Selentik | Dislentik : Di-selentik | Kupingku mau mbengi dislentik Abah nganti abang, Goro-goro klalen ora Magriban.
Slepi [slê-pi] : Dompet | Duite nang Slepi ho Nok, Jukuk dewe tapi ojo akeh-akeh!
Sliwar-sliwer [sli-wèr] : Bolak-balik | Dek mau sliwar-sliwer bae nang ngarep omah tapi ora wani mlebu.
Slomot [slò-mòt] : Terkena Api (rokok)| Keslomot : Terkena api | Dislomot : Dikenain Api : Tanganku keslomot rokoke bojoku pas mbonceng, Tak kaplok raine mangklehe.
Sohib [sò-hib] : Teman akrab [Arab] | Adik-ku jebul sohibe mbakyumu ho? Dolane bareng terus.
Solokontho [sò-lò-kòn-tò] : Suryakanta | Nek pak ngobong omah ojo nganggo Solokontho, ora biso. Nek kertas, biso!
Sombeng [sòm-bêng] : Sobek / Robek | Layangan sombeng be dirayah, Suko genah tuku bae si.
Sosi [sò-si] : Kunci | Disosi : Dikunci | Sosi ne dreswar nangendi, Mak?
Sprengan [sè-prêng-an] : Bermain tali karet | Njo dolanan sprengan, Nyong nduwe karet akeh biasa nggo mbunteli es.
Srampang [sram-pang] : Lempar | Nyrampang : Melempar | Disrampang : Dilempar | Wes tau disrampang sandal po urung kowe, Lup?
Srawan Celeng [sra-wan-cê-lêng] / Sawan : Ayan | Kowe nek wani karo wong tuo cok keno srawan celeng delok’en, Mbok manut sih!
Sreg [srèg] : Pas / Cocok | Nyong sreg nek mangan Garangasem nang kene, Asale ora larang.
Srengen / Sengen / Senen [srè-ngên] [sè-ngên] : Marah | Nyengeni : Memarahi | Disrengeni : Dimarahi | Aku bar nyengeni bojoku, Asale nek dolan ora reti wayah.
Srimpung [srim-pùng] : Menyela / Kacau | Nyrimpungi : Mengacaukan Pekerjaan/suasana | Zik mancing penak-penak, Moro-moro ono sing nyrimpungi, Mangklihe bali ra akune.
Sruwal [sru-wal] : Celana Pendek [Sirwal:Arab] | Acarane ora resmi bek, Sruwalan bae ora kaiki.
Stan [stan] : Gaya / Stane : Gayanya | Stane koyo yak yak o kae, Padalo mung wong payah.
Stanplat / Stamplat [stam-plat] : Terminal Bis | Omahku mbiyek nang Cerme, Pedek Stanplat.
Striwel [se-tri-wèl] : Kaos Kaki | Striwelan : Memakai kaos kaki | Mbok nganggo striwel men sepatumu ora mambu!
Suko [su-kò] : Mendingan | Nek nyong suko mulih daripada cangkruk nang kene akeh lemute.
Suker [su-kèr] : Tidak suka / Sebal | Nyukeri : Menyebalkan | Nyong suker nek ono jah kui, Bali bae Njo!
Suluh [su-lùh] : Kotoran dimata | Motomu zik akeh suluhe, Urung raup pok kwe?
Sungkan [sung-kan] : Malas | Nyungkani : Bikin malas | Ah kowe ke nyungkani ogh, Nek dolan mrene mesti ora tau nggowo panganan.
Susuk [su-sùk] : Uang Kembalian / Pengasihan | Nek duitmu Seket, Susuke selawe | Bu Erte jare nganggo susuk, dadine ketok ayu, Asline biasa otok.
Susuk [su-sùk] : Alat memasak | Jikuke susuk ndung nang mburi kulkas, Nggo nggoreng tempe karo mendoan.
Sut Jreng [sut-jrêng] : Suit | Wes ra sut jreng ndisik, Sing kalah tunggu krupuk.
Suwing [su-wìng] : Sumbing | Bar operasi suwing saiki kowe katok rodok mending leh.

Kamus Bahasa Pekalongan : T
Tah [tah] : Memang | Nek kae yo pancen ayu tah, Wong kulite resik ra tau dolan.
Tak [tak] : Akan / Kata ganti | Tak gawakke oleh-oleh nek pas aku mulih, Ojo kuatir / Aku tembe tekan kye, Bar iki tak turu sek dilit yo.
Talangi [ta-lang-i] : Dibayari dulu | Nalangi : membayarkan | Ditalangi : Dibayari terlebih dulu | Aku ditalangi sik yo Nju, arisane, Duitku izik digowo bojoku karaoke.
Tambeng [tam-bèng] : Nakal | Koncoku tambenge por nang sekolahan, Tali BH ne konco wedok ditariki.
Tanak / Tanakan / Tenek [ta-nak] [tè-nêk] : Berarti (kan) | Wong kowe sak omah lungo kabeh, Omahmu kosong tanak’an?
Tapeh [ta-pêh] : Kain Panjang biasanya untuk Bawahan | Ibuk pak njaitke tapeh nang Nggrogolan, Nggo pranti nek ono acara.
Tapekno’o [ta-pêk-no-o] : Meskipun demikian | Raine sangar puo, tapekno’o wong e apikan tur bloboh.
Tapsiyun [tap-si-yùn] : Stasiun | Biasane bocahe ngamen nang ngarep Tapsiyun karo cangkrukan nang ngisor wit.
Tapuk [ta-pùk] : Mulai | Napuki : Memulai | Ditapuki : Dimulai | Njo ra ditapuki arisane, Wes sore kye, Selak bojoku bali.
Tauto / Taoto [ta-u-to] : Nama makanan khas Pekalongan [Cau Do : Tionghoa] | Nggon Pasar Senggol kae ono warung tauto enak, Duduhe kentel.
Tebah [tè-bah] : Alat pembersih kasur dari sekumpulan lidi | Ditebahi : Membersihkan kasur dengan tebah | Nek apak turu, Kasure ditebahi ndisik Nok.
Tegesan [tè-gè-sang] : Puntung Rokok | Jaman saiki wes ora ono wong luru tegesan maneh, Rokoke do nganggo filter kabeh.
Tembe / Tembe’e [tèm-be] : Barusan | Aku tembe’e tekan kye, Ojo langsung do minggat ra.
Tembelek [tèm-bè-lêk] : Kotoran Hewan | Mambune koyo tembelek lencung, Basenge por!
Temen / Nemen [tè-mèn]: Banget | Gurih temen kye rasane, Kowe pingin kawin pok?
Temon [tè-mòn] : Bertemu | Nemoni : Menemui | Ditemoni : Ditemui | Aku wingi bar temon karo konco-koncoku SD nang Mbermi.
Templek [têm-plêk]: Tempel | Nemplek | Menempel | Ditemplek : Ditempelkan | Aku wes nempleke stiker Kabel nang montor tapi kok izik diklontengi o.
Temumulen [tè-mu-mu-lèn]: Bengkak / Sakit di ibu jari | Goro-goro dolanan Gembhot (gamewatch) terus, Tanganku mangklihe temumulen.
Tenger [tè-ngèr] : Batu Nisan | Sing entuk ngganti tenger kui wong sing wes nduwe mantu, Nek kowe yo urung oleh.
Tenggeng [têng-gêng] : Mabuk | Bar ngamen biasane gento-gento kae do tenggeng nang ngarep STM.
Tenggok [tèng-gòk] : Senggama dalam bahasa kasar | PL e ditenggok karo boss e awan-awan nang Hotel.
Tenggor [têng-gòr] : Senggol | Aku pas nang dalan tau ditenggor karo Bis Ezri, Untunge ora tibo.
Teo [te-og] : Banget [slang] | Acarane reuni ono bludas-bluduse, Asik teo.
Teplek [te-plêk] : Sandal | Aku nduwe teplek Daimatu, Ilang nang mejid pas Jumatan.
Tepak / Tipak [tè-pak] : Bekas | Kuwi mau wedang bekas tepak e Kyaine, Diombe bae men berkah.
Ter [tèr] : Antar | Ngeter : Mengantar | Diter : Diantar | Njo nyong diter aring Pasar Tiban, Jare ono diskonan.
Ter [tèr] : Selentik | Diter : Diselentik | Njaluk diter kupingmu pok nek kowe ora gelem dikongkon bapak?
Tesmak [tès-mak] : Kata Maca Baca | Nyong nek ora nganggo tesmak ora iso moco, Leh. Tulisane cillike por.
Timbang / Nimbang [tim-bang] : Daripada | Timbang kowe turu, Suko mendingan ngancani aku aring Ndoro.
Titis [titìs] : Akurat | Nyong nek main Neker ora titis, Tapi nek kon ngincer pelem, Lha we.
Tlembungan / Plembungan [tlèm-bung-an]: Balon | Jah cilik do dolanan tlembungan, Senenger por weruhe.
Toel [tòêl] : Kikil / Kulit Sapi | Nyong biasane nek istirahat, Mangan Sego Ndok Toel nang Hollywood.
Toklek / Poklek : Patah | Sikilku sing kiwo tau toklek goro-goro numbuk pager Kelurahan.
Toler [to-lêr] : Selang Air | Nek ngumbah mobil ben gampang nganggo toler, Ojo nganggo timbo.
Trilong-trilong [tri-lhòng] : Bercahaya | Ejian ah kae Bu kaji, Hiso penampilane trilong-trilong pas njagong mantene anak e Pak Wali.
Tronggong [tròng-gòng] : Terkam | Nronggong : Menerkam | Ditronggong : Diterkam | Ayamku ditronggong karo Luwak nang mburi omah.
Tuli [tu-li] : Setelah itu | Umum e uwong yo nek wes kerjo trus kawin. Lha bar kawin tuli nduwe anak.
Tumbuk [tum-bùk] : Tabrak | Ditumbuk : Ditabrak | Ketumbuk : Tertabrak | Awas nek nyabrang sing ati-ati ojo sampe ketumbuk jah sekolah.
Tumpil [tum-pìl] : Pecah sebagian | Untu-ku sing ngarep tumpil goro-goro ditabrak Becak mbengi.
Tumplek [tum-plèk] : Tumpah | Numpleke : Menumpahkan | Nyong mau nang warung numpleke botol saos, Kon nglironi.
Tuntheng [thun-thèng] : Hitam Sekali (Kalimat penegas) | Bar panasan mangklihe ireng tuntheng kokui raine.
Tur [tùr] : penekanan pada sesuatu | Uwonge begus tur awake putih resik, Marai pingin ngambung.
Turutan [tu-ru-tan] : Juz terakhir Alquran | Nyong nang Langgar nek bar Ashar, Ngaji turutan karo Yai Jenudin.
Kamus Bahasa Pekalongan : U
Ubel-ubel [u-bèl] : Istilah untuk perempuan muda gampangan [slang] | Garek dijajake bakso tok, Ubel-ubele gelem digowo, Temenan!
Udak / Udag [u-dak] : Kejar | Ngudak : Mengejar | Diudak : Dikejar | Nyong wingi ngudak kowe ora kecandak, Ngebute por kowe ho?
Udan Kethek [kè-thêk] : Hujan tanggung | Wes njo mangkat bae, Kiye paling udan kethek tok.
Udek [u-dèg] : Aduk | Ngudek : Mengaduk | Diudek : Diaduk | Wedange wes diudek urung sih, Kok ra kroso manis koyo aku?
Udik-udik [u-dìk] : Bagi-bagi uang | Bar Sawalan, Nang Tirto jare ono wong pak adum udik-udik, Njo mangkat pok?
Uduhi [u-duh-i] : Tunjuk | Nguduhi : Menunjukan Sesuatu/ Menasehati | Diuduhi/duduhi : Ditunjukan Sesuatu | Tak uduhi yo le, Nek nang kene ojo gemboran, Akeh jah cilik / Duduhi nggone ngendi? Tak paranane.
Ulem-ulem [u-lèm]: Mengundang orang/hajatan | Ngulemi : Ngundang | Diulemi : Diundang | Ojo klalen aku diulemi nek kowe pak kawin, Ngko ora tak sumbang wes.
Umbrus [um-mbrus] : Kacau | Do umbrus ogh senengane, Ora taat aturan. Lampu abang ogh jalan.
Umer [um-mèr] : Kacau / ribut | Ojo gawe umer nang kene ho, Izik do ngaji.
Undu / Urun [u-run] : Penyertaan | Kowe ora melu undu opo-opo kok geger bae? Pak opo donge?
Uruk-uruk [u-ruk] : Kata untuk menyambut hujan | Uruk-uruk udane sing gedi, Tak kei gulo kopi.
Usek / Miusek [u-sèk] : Kerupuk pasir khas Pekalongan | Ojo klalen nek mulih Kalongan gawake usek sak blik yo.
Usum [u-sùm] : Musim | Ngusumi : Memulai | Wulan Februari biasane usum Duren, Njo aring Lolong | Sing ngusumi dangdut koplo kui wong Jawa Timur.
Kamus Bahasa Pekalongan : W
Wader Pithak [wa-dèr] : Ikan sungai yang kecil dan bertanda di kepalanya | Percuma nang kene, Isine wader pithak ttok, Ra iso dipancing.
Wadhe [wa-dhe] : Iri / Dengki | Ora usah do wadhe karo jah kae, Pak ora karang zik payu.
Waduk [wa-dùk] : Perut | Wadukmu kok koyone tambah gedi, Ndes? Kerep ngombe mesti kowe ho?
Wadul [wa-dùl] : Lapor | Wadulan : Suka melapor | Diwaduli : Dilapori/ Diceritain | Aku diwaduli bocah-bocah, Jare kowe kerep mangani beling?
Wandu [wan-du] : Banci / Bencong : Karang jah wandu, Lanang puo nganggone rok.
Wangan [wang-an] : Selokan / Kali kecil | Ojo mbuang sampah nang wangan, Marai benjir.
Wangur [wa-ngùr] : Bau tidak sedap / Membusuk | Mambune wes wangur, Berase ojo didang.
Wantah [wan-tah] : Air Putih | Nyong ora iso nyuguh opo-opo kye, Wantah otok onone.
Wenei / Wei / Wenehi [wê-nê-i] : Beri / Diwenei : Diberi | Aku diwei kesempatan maju meneh ra, Mosok pisan tok.
Weng / Si Weng [wèng] : Panggilan Anak perempuan kecil yang kumuh | Pak tuku opo Weng? Nggowo duit piro kowe?
Wiyagae / Wiyogoe [wi-yo-go-e] : Sebaiknya | Wiyogoe kowe mangkat mrono bae, Njelaske kejadiane.
Wo / Siwo [wò] : Kakaknya ayah / ibu | Suko dolan nang omahe Siwo-ku bae, Iso apek Jembu karo njajan Kolok.
Wol [wòl] : Panggilan asal untuk kawan | Mrene ra Wol, Nyong wes tekan Kalongan kye.
Wulang [wu-lang] : Mengajar | Mulang : Mengajar | Diwulang : Diajari | Nyong tau diwulang guru kae nang kelas loro, Ora penak yakin.
Wungkal [wung-kal] : Batu Asah | Kowe nek dikandani koyo wungkal, Ngeyele por. Urung tau disrampang sandal pok?!
Kamus Bahasa Pekalongan : Y
Yak-yakan [yak-yak-an] : Berjalan sembarangan | Akeh wong tuwo nang kene, Ojo yak-yakan.
Yakher [ya-khêr] : Kabar baik [arab] : Yakher, Ji ?
Kamus Bahasa Pekalongan : Z
Zarik / Zarig [zha-rìk] : Curi [Syarik:Arab] | Nyarig : Mencuri | Aku mbiyek tau nyarig logo Astrea Prima, Dipasang nang topi.
Zim / Jim [zim] : Istilah untuk merahasiakan sesuatu | Zim Ah, Kowe ora usah ngerti, Pak nggo opo?
Zrob [zròb] : Minum / Mabuk [Syrob : Arab] | Ngko mbengi zrob Kinjeng njo, Mumpung ngesok prei.
Zrog [zròg] : Barusan saja | Nembe teko zrog apak lungguh kok rupamu wes ora penak, Bali bae ah.
Zuad [zu-wad] : Menikah [Arab] | Nyong sedelok maneh pak zuad kye, Ojo dijek’i sing neko-neko ra.
Kamus Bahasa Pekalongan ini masih terus dikembangkan.
Aku berharap bantuan teman-teman semua untuk mengkoreksi, merevisi dan menambahkan kosa kata yang masih belum ter-entry, Agar kamus ini bisa makin lengkap. Dan semoga cita-cita adanya sebuah buku Kamus Bahasa Pekalongan ini bisa terwujud. Terima Kasih.
Maaf jika masih sangat raw, dan contoh kalimatnya juga masih seadanya. Penginnya sih masing-masing kosa kata diberi keterangan apakah ini Kata Benda, Kata Sifat, Kata Keterangan, Imbuhan, Akhiran, Sisipan dll. Butuh ahli Bahasa Indonesia yang mau mengorbankan diri dan waktu untuk involved dalam pekerjaan Kamus Bahasa Pekalongan ini. Semoga ada yang mau.
Last Update Kamus Basa / Bahasa Pekalongan :
Log 14-07-21
+ Kongang
+ Mendeleng
Log 05-01-21
+ Ngger
+ Mayah
Log 01-01-21
+ Jendel
Log 03-12-20
+ kata Pantaro
Log 28-12-20
Menambahkan kata cekek, dengal
Log 14-10-20
Menambahkan kata ngregol, sombeng, gembil
Log 10-11-20
Menambahkan kata ail, kebyek, jengklek, mbeler,
Log 03-11-20, 06.50
Menambahkan kata Cumo.
Log 01-11-20, 12.20
Menghapus kata Tibakno.
Leave a Reply
You must be logged in to post a comment.